Kamis, 24 Juli 2008

Suroboyo Guyonan

Gajah Matek
Isuk-isuk wong sak bonbin gupuh kuabeh krungu berita ono gajah matek mergo wis tuwek. Masio kulite kisut keriput tapi bobote ono lek 2 ton. Brudin sing biasane dodolan es gronjong nang bon-bin sakno ndelok Mbah Wonokairun nuangis mbrebes mili.“Wis tah Mbah, gak usah athik mbrebes mili. Aku iso ngrasakno yok opo susahe berpisah ambek gajah sing sampeyan openi pirang puluh taun. Opomaneh umure sampeyan ambek gajah iku yo sak pantaran, mestine akeh kenangan manise yo. Tapi wis gak usah sedih mbah, lak sik ono gajah liyane sing lucu-lucu.” jarene Brudin.“He cak, aku iki dhudhu pawange gajah !!!! Ngawur ae !!!!” jarene Wonokairun.“Lho lek sampeyan dhudhu pawange gajah, laopo sampeyan athik nuangis mbrebes mili barang. Sejatine sampeyan iki apane gajah?? koncone opo dulure ??” jarene Brudin.“Aku iki tukang gali kuburan, isuk-isuk durung sarapan wis dikongkon ngeduk kuburan, tibake kuburane gajah…” Wonokairun nangis maneh.“Wis mbah ojo nangis maneh, iki lho tak gawekno es gronjong, gratis wis.” Jare Brudin.Mari ngombe rong gelas, Wonokairun wis gak nangis maneh.“Kon kok apikan nggawekno es gronjong gratis, koyok wong sugih ae.” Jare Wonokairun.“Lho ojo salah mbah, aku iki pancene keturunane wong sugih, dhuwike mbahku iku cukup gawe tujuh turunan.” Jare Brudin bangga.“Gombal !!!, lek pancene kon iku turunane wong sugih, laopo saiki dhodolan es gronjong ??” jare Wonokairun.“Soale aku keturunan sing ke wolu . . . 
Bangga
Wonokairun lagi mbambung ngemis nang ngarepe TP, dhadhak Bunali teko katene ngemis pisan.“Sampeyan wis suwi tah ngemis nang kene ? Yok opo wis oleh akeh tah ?” takok Bunali.“Yo lumayan se, sak dino paling sithik aku oleh seket ewu.” jare Wonokairun.“Wah yo lumayan yo, tenguk-tenguk oleh seket ewu. Eh Mbah, sampeyan gak nduwe anak tah, kok sampek kudhu ngemis koyok ngene ?” takok Bunali.“Anakku wolu wis gedhe-gedhe, telu nang ITS, loro nang Unair, siji nang Unbra, loro maneh nang IKIP. ” jarene Wonokairun bangga.“Wah gak nyongko rek, hebat sampeyan mbah. Durung ono sing lulus tah anak sampeyan?” takok Bunali.“Anakku gak ono kuliah cak !” jare Wonokairun.“Ooh dadi dosen tah??” takok Bunali.“Salah peno cak.” jare Wonokairun.“Lha laopo lo ??” takok Bunali.“Yo koyok bapake iki, ngemis kabeh…”
Bis Kota
Brudin numpak bis kota Joyoboyo Pasarturi, penumpange uakeh dhesek-dhesekan. Sampek daerah pasar kembang Wonokairun munggah.”Lho mbah, jange nang endhi ?” Brudin nyopo.“Nang pasar turi jange tuku klambi.” jare Wonokairun.“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek ambek nawakno kursine nang Wonokairun.“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Wonokairun.Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek maneh nawakno kursine.“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Wonokairun.Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek pisan maneh nawakno kursine.Wonokairun mulai nesu bolak-balik ditawari longgo.“Wis tak warah kon longgo ae !!. Tak akoni kon pancen apikan tapi masio wis tuwek awakku sik kuat ngadhek !!” jare Wonokairun.Brudin nesu pisan.“Mbah, aku nawakno longgo iku dhudhuk mergo apikan. Aku iki jange mudhun, tapi bolak-balik sampeyan kongkon longgo maneh. Saiki selak omahku kebablasen…”
Ngenyang Pithik
Wonokairun ganti haluan maneh saiki dhodholan pithik nang pasar ngelom. Brudin teko jange tuku pithik digawe tumpengan slametan.“Mbah aku jange tuku pithik meduro, ono tah?” jare Brudin.“Iki lho sing wulune abang. .” jare Wonokairun.Mari ngono ambek Brudin pithike diangkat sampek njengking terus dibukak bokonge.Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun nggondhok ndelok pithike diobok-obok bokonge. “Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik njombang . .” jare Brudin ambek mbalekno pithike.“Cobak sing putih iki . .” jare Wonokairun ambek nawakno pithik putih. Mari ngono Brudin merikso maneh bokonge pithike. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun tambah mbedhodhok ndelok pithike diobok-obok bokonge.”Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik solo .” jare Brudin.Wonokairun nawakno maneh pithik klawu, tapi tetep gak cocok, tiwas brodhol kuabeh.”Kon iku jange tuku utowo mek kepingin dulinan bokonge pithik !!!” Wonokairun wis gak iso nahan emosi.“Iyo mbah, aku pingin tuku pithik sampeyan tapi durung ketemu sing pithik meduro . .” jare Brudin.“Iki lho pithikku sing kari dhewe .” jare Wonokairun ambek nawakno pithik ireng.Mari merikso bokonge pithik ireng Brudin puas.”Lha yo iki pithik meduro .Piro regone mbah ? jare Brudin.“Satus ewu !!!” jare Wonokairun ambek ngamuk padahal biasane regone mek rong puluh ewu.Brudin wis gak wani ngenyang blas, langsung dibayar satus ewu.“Mbah, sampeyan kok ngamukan se ?? Sakjane sampeyan asline wong endhi ?” jare Brudin. “Aku asli wong jerman !!” jare Wonokairun.“Wok ! Rupamu mbah, gak mungkin !” jare Brudin.“Lek gak percoyo dheloken dhewe . .” jare Wonokairun ngangkat bokonge.
Permen karet
Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton. Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan.Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion.“He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok” jare Brudin.“Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi. Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut. Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek.” jare Wonokairun.“Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku.” jarene Brudin.“He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!” jare Wonokairun.“Arep laopo lho …?” jare Brudin bingung.“Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . “
Jaketan Isuk-isuk
Wonokairun pethukan ambek Brudin budhal kerjo.“Wuik gaya rek . .saiki areke jaketan rek.” jare Wonokairun.“Iyo mbah, saiki aku kerjo nang nggon adem” jare Brudin.“Ketrimo nang kantor endhi Din?” jare Wonokairun.“Aku gak kerjo nang kantor mbah.” jare Brudin.“Nang endhi lho??” takok Wonokairun.“Nang pabrik es batu . .” ingin tau lengkapnya cerita lucu ini tentang Si mbah 

Wonokairun (guyonan Suroboyo) silahkan kunjungi disini

2 komentar:

Warung Kopdar mengatakan...

GAMBAR DAN CERITA LUCU GUYONAN HUMOR BAHASA JAWA

CERITA LUCU BAHASA JAWA "1000 vs 200.000" Hahaha
CERITA LUCU BAHASA JAWA "BUDI vs FANTA"
CERITA LUCU BAHASA JAWA "NYANYIAN si DONI"
CERITA LUCU BAHASA JAWA "TURIS KAGET"
Cerita Lucu Bahasa Jawa "BOS vs BEJO" -
Cerita Lucu Bahasa Jawa "BOY vs POLISI"
Cerita Lucu Bahasa Jawa "ENTUTE WONG AYU" -
Cerita Lucu Bahasa Jawa "ROMEO & JULIET" -
Cerita Lucu Bahasa Jawa "TERLANJUR SERIUS" -
Cerita Lucu Bahasa Jawa SI BAGUS PERKENALAN
Info Gadis Cantik Bunuh Diri Terjun Dari Jembatan -
Tragis Orang Ini Bunuh Diri Demi Jilbab .

Unknown mengatakan...

Asli 0batnya...
Asli Herbalnya...
Asli Khasiatnya.
http://farmasiherbal.com/klg-asli-usa-obat-kuat-dan-pembesar-penis/
OBAT PEMBESAR PENIS SUPER ** KLG Asli USA ** NO. 1 DI DUNIA. { BERGARANSI }
Call Centre : 0813 6133 4444.
Pin BB : 2A 73B 581
KLG Obat Pembesar Penis adalah Ramuan Herbal yang terbuat dari 100% bahan alami yang sudah teruji klinis tanpa efek samping..
untuk mempembesar dan pemanjang penis hingga 20-21cm cepat aman dan permanen..
KLG OBAT PEMBESAR PENIS NO 1 TERBAIK DI DUNIA DARI PADA VIMAX
< FUNGSI KLG  PILLS USA >
** Memperbesar Dan Memperpanjang Ukuran Penis Anda
** Meningkatkan Ketebalan Penis
** Ereksi Bisa Lebih Kuat, Kencang Dan Tahan Lama disaat berhubungan seksualitas
** Meningkatkan gairah rangsangan Cepat Hasrat Sexsual Dan Kesehatan Sexsual Anda
** Mencegah Disfungsi Ereksi Dan
** Meningkatkan Intensitas Pada Saat Organsme
** Menyembuhkan Penyakit Ejakulasi Dini (ED)
Catatan : KLG Herbal Obat Pembesar Penis made in Usa dibuat dari 100% Bahan Alami. Ini merupakan rumusan herbal yang aman yang TANPA EFEK SAMPING..
PEMESANAN :
Telp / SMS : 0813 6133 4444
Pin BB : 2A 73B 581
http://farmasiherbal.com/klg-asli-usa-obat-kuat-dan-pembesar-penis/
RINCIAN HARGA KLG asli USA :
*1 kotak kecil HARGA: 200.000
*1 Box Isi 3 kotak kecil HARGA: 500.000
<{ CARA PEMESANAN }>
transfer ke nomor rekening
BRI. 036701028349507
BNI. 0118883062
atas nama:“ KONFIRMASI ADMIN “
setelah transfer mohon konfirmasi alamat lengkap anda
ONGKOS KIRIM GRATIS...
Transfer masuk, barang langsung Kami KIRIM VIA PAKET KILAT.. TIKI | JNE | KANTOR POS. 1-2 hari sampai di tempat tujuan..
GARANSI UANG KEMBALI JIKA BARANG TAK SAMPAI.
Pastikan Anda Menghubungi Nomor Layanan Penjualan KLG Resmi 0813 6133 4444